Text
Aja Njagakake Endhoge si Blorok
Buku punika ngewrat paribasan, pitutur tuwin piwucal budi pekerti luhur ingkang kajlentrehaken kanthi cara ingkang edi peni. Aja Njagakake Endhoge si Blorok…. ateges sampun ngajeng-ajeng barang ugi bab ingkang dereng tamtu kantenan, karacik ing cariyos lare sakengga saged dipun mangertosi punapa wosing gati. Lare saged mangertosi kanthi tuladha ingkang nyata. Aja Cedhak Kebo Gupak, Luwih Becik Apa Anane, Tunggak Jarak Mrajak Tunggak Jati Semi, minangka perangan cariyos ing buku punika.
| F0415 | 899.222 UMI a | Perpustakaan | Available |
No other version available